Minggu esuk sekitar jam sangaan motor liwat ora patia akeh, wong
ngojek siki wis jarang soale akeh sing wis pada due motor dewek-dewek, dadi angger
misale dina pasar pahing mbuh dina pasar wage kue akeh bakul-bakul apa wong arep keperluan nguja
jok pasar langsung bae prentah bojone apa anake kon njujugna jok pasar, ora
kaya gemiyen tah tukang ojek banget larise, sing due motor kena detung.
Pas pasar pahing apa pasar wage
ge sepi angot pisan dine kiye sing udu dina pasaran, wis mesti otomatis langka
wong ngojek acan-acan, akeh-akeh pada ndekem ning umah, sendean ning dingklik
mbari medang teh karo gedang de goreng, ana sing dolanan manuk de ceplek-ceplek
kon ngoceh.
Alesane pada nguja tangi awan kue
tujuane nggo ngaso, munuh-munuh seliane dina minggu kudu kerja rutin
macem-macem, tapi sing pegaweane tani mah ya pada gasik retung mangkat maring
kebon karo maring sawah, sing de mek ya deneng ana bae, ana sing mbobok, ngramban, ngrepek,
ndaut, nyebar winih, macul, mopok, ngrajeg,
apa bae sing penting ana pagawean de lakoni.
Angger sing duite lagi madan
omber ya pada mbangun, mbangun tah mbuh mbangun apa, ana mbangun brug, mbangun pedangan,
gawe WC sing jere kon kaya wong kota sing WC ne pada ning jero umah, supaya
angger kebet men nganti ora kena de angken pengin jok WC kur gari geblus tok
ora susah kudu mlayu-mlayu kadoen jok WC ning mburi umah, ana mbuka lawang pedangan, nutup lawang mbok
ayame mlebu, trus mbuka lawang WC maning, ana-ana bae wong jaman sekiye,
alesane pinter-pinter, jen, tapi ya kebangeten lah ari mikir butul
ngonoh-ngonoh mah, tapi maning… angger de piker maning anunemah ya masuk akal nemeni,
sing segi efektifitas ya anu banget efektife, tapi ya angger alesane kaya kue tok
miki kayong abong, angger jere bocah nom man sakiye pada bae karo lebai, lebai
kue lebih, lebih kue maksude berlebihan, kelewihen ari nyikapi, mboran kue ge
inyong kaya prantang-prantang tau ngrungu. Tapi apapun alesane mbangun WC ning
jero umah nomor siji ya nden kudu due duit sing nggo mbangune, nomor lorone
mesti anu perkara penting sing wis de timbang-timbang bangeting mateng, trus
ndean mesti ana nomer telu papat lima butul sanga mah.
Mbangun-mbangun kue miki tujuane
ngapiki umah supaya katon rapi, de deleng patut, ora patia merah meruh, kue
sing pada due duit, sing sederhanaan ya akeh, sing penting rapi, rajin, latare
de rikati, ora nana kleang pating slembrah, kue wis cukup, apa maning angger
sing pada pinter ngrumat tanduran petetan, kembang-kembangan, bonsai, anggrek.
Angger sing kaya kue jan mawakena katon asri lingkungan umaeh, de deleng
ngademi mata, ngademi ati, dadi gawe fress ning pikiran, ora gemrungsung
mikirna dunya karo pegawean. Kue oten
sing sok pada seneng kaya kue, sing babar blas ora ngefek ning perasaan apa
mood ya anu ora apa-ipi, ora ngaruh, biasa-biasa bae.
Srengengene panas tambah nggampleng,
panase banget krasane maring kulit, kaya pantese angger wong arep sikatanmah ari mlotot odol de pejet segeleme serosa-rosane
nganti pol, tapi barat mah silir-silir, wit sengon karo wit waru pada
nyiruk-nyiruk nagnti doyong pantese ap rubuh, ana ngalor ana ngidul ngetan
ngulon manut bae karo barat mlayune jok endi.
Wulan agustus tahun kie mah terakhir
ana udan kue gampang de tengerena, pokoke
sing nggo patokan emut-emut ngesuk arep tujuh belasan dina tanggal
nembelase udan gede men, mulai dina pitulasan pas hari ulang tahun kemerdekaan
Indonesia butul siki kue wis ora nana
udan maning. Angger metu sing ngumah wis prandang prinding ketenger nemen ap
terang madan dawa.
Bener bae critane pak Rumbit karo
pak kaji Kadis pas balik tes sholat maghrib sing mesjid wingi sore, aku karo
wong loro kue mbari mlaku balik mbari delang-deleng jok langit ning duwur,
lintang katon pada njeprah kelap kelip banget genaeh banget apike, lamuk
arang-arang pada mlayu seingsor wulan purnama
sing lagi bunder-bundere, kemresek tapi alus suara godong salak karo
godong srindia kebaraten krasa nemen angine mawakena atis ning awak padahal
sing kaya aku nganggo klambi koko dobelan kaos oblong, pak Kaji Kadis kur
nganggo koko dobelan kaos cangklek ya patut lewih atis, lah pak Rumbit tah wis
nganggo hem lengen cindek ning jerone kaos oblong de tambah dobelan jas maning,
jase jas mbojo gemiyen sing lumayan kandel, ge’ jere esih kayong krasa ademe. Aja
maning aku karo Pak KAji Kadis. Lah sing wis-wis angger cuacane kaya kiye jere
biasane arep ketiga dawa.
Aku karo Jono karo Krinos lagi
pada delang-deleng puing-puing bangunan
bekas SD siji sing tes de bubrak, tahun kiye akeh RW sing ora nganakena malem
resepsi, Desa boge sing biasane nganakenane ning bale desa siki mah ning grumbul
Wringin sing nggone adoh pisan karo RW ku, akhire de putusna ap nganakena wengi
resepsi nggo tamba amleng. Wektune malem
rebo, deneng malem rebo? Iya, soale mengko tanggal selawene akeh bocah-bocah
nom sing terlibat team kreatifi pendukung acara resepsi pada mangkat kuliah.
Dadi daripada acarane ora mlaku ya de
anakena bae seliane malem minggu ge ya ora papa ikih, sing penting aja kewengen
ari rampunge, ngemuti akeh bocah sekolah sing esuke kudu mangkat sekolah gasik.
Aku pada karo batir-batir miki
kue lagi delang-deleng mikirna kepriwe mengko ap kayapa ngadeg panggunge madep
endi, penontone ning endi? Kira-kira cukup apa ora lahane, karo sing kudu de
ringkese apa bae supaya nyingget pegawean mengko dina selasane, angger dina
minggu kaya kie toli akeh bocah nom-noman sing esih sekolah SMP mbuh SMA pada
prei, dadi kena kon ngrewangi ngringkesi puing-puing apa ngelih-lih na watu
sing madan badag de umbukna dadi senggon adoh sing lokasi kon ora mbilaeni penonton
mengkone.
Madan sue ari delang deleng sing
ahire olih kesepakatan panggunge mengko madep ngulon bae, penontone iring kulon
sing lokasine lewih amba.
“Lah mengko tamu undangane mbang
ndi?” Jono takon mbari nyureng-nyureng kepanasen.
“Ya nden iring kidul madep ngalor
nglarik ngulon ndean Jo, yoh Nos?”. Aku sing njawab, mbari ngarep-arep de
benerna deng Krinos.
“Ya, paling ya kaya kue, tapi
jere jesica mah traktage kur nggo tamu undangan tok, panggunge wuda
lewang-lewang ora traktagan.” Krinos njelasna lewih gamblang mbari sedela-dela ngusap
weteng kaya wong wadon lagi meteng.
“lah… angger apese udan si priwe?” Jono takon maning.
“Hih? Iya yoh Jo?” Aku bisane kur
mbuntuti wong ngomong tok ora berbobot nggramet sejeroning rempugan kue.
“Genah Iya koh, akuge nggenahna
ning jesica, ya mal ilok mengko angger udan, penontone sing ngaub, sing ngisi
acarane minggat?” Krinos nirokena deweke pas lagi takon ning Jesica. Tapi jere
malah jawabane Jesica urung jelas. Esih ngambang, nggantung urung pasti.
Inyong wong telu ahire pada
gemuyu sedela ngrungu Krinos crita kaya kue, bisa de bayangna nggene beneran
ari pasang kaya kue miki trus ndilalah breg-bregan udan gebret teka, nden
pengisi acarane kocar kacir pada nggolet nggon dewek-dewek supaya aja kudanen.
“ya kueh de mateng na disit keputusane,
arep kepriwe, nek panggunge ora traktagan ya suka ora traktagan kabeh, nek tamu
undangane traktagan, panggunge ya nden harus
yah!” Jono ndisiti ngomong sing aku padahal kalimat kue sepetit mah madan ap
tek omonngna deng aku.
“Punten-punten, minggir ugen,”
giti-giti Kolik teka mbari nggered layangan karo anake sing mbontot.
Aku wong telu reflek pada meped
jog tembok lawang gerbang sing cet te wis pada njepluk de sendeni ge pada
ambrol mbari aweh dalan nggo Kolik karo anake.
Ora let sue Kolik wis ngebur na
layangan, ora ketang nyiruk-nyirukan kaya madan kurang sinting karo buntut
layangan bisa nganti mabur butul nduwur sekitar limang meteran.
Aku wong telu kompak nganti ora
sadar ngerti-ngerti pada serius perhatiane jok layangane Kolik kabeh.
“Nah kaya kue, suka dolanane
layangan bae tenimbang mancing mah.”Giti-giti Jono nylemong. “kader pada bae ikih
mbok rasane, kue ya mbetot senur, mancing ya mbetot senur, kur bedane angger ngunda
layangan tah ora nana walesane.”
“Hahahaa.. iya yoh Jo”, jawab Kolik
separo bombong separo mbeco, “tapi kayane keren mboran angger ngunda layangan
karo walesan”.
“Ih iya kueh, peluang bisnis,
toli unik, bisa akeh sing kepincut…” aku melu nyambung omongan. “kader loroneng
kue toil sing de arah sensasi mbetote mbok?”
“A aaa… hahahaa…” kabeh pada
ngguyu bareng.
Jono clingak clinguk pantese kaya
lagi nggoleti apa.
“Apa Jo?” Krinos takon ning Jono.
Sing de takoni ora njawab ora
perduli, giti-giti ngomong aos, “Lub, bapane aja kon panasan mbok guteng kaeh,
apa de jikotna tudung amba ya kena pumpung lagi anteng. Trumaneng si Alub anake
Kolik wis ngeclap mbuh jok ndi, malah sing esih gari Kolike lagi asik ngunda
layangan dewekan, moduse mongmong anake jebule deweke sing karep dolanan
layangan. Bha…. Kabeh pada ngguyu maning.
“Sing penting sensasi mbetote Jo,
krasa trigel-trigel, hahahaaa…” Kolik malah mbalang omong sing nambaih inyong
wong telu pada ngguyu.
“Iya yoh, apa baege, sing de arah
toli sensasine, arep nyawah, arep nggepyok, arep mbobok arep ngantor, arep
nyupir, arep sekolah, gari-gari pinter ndikep sensasine, angger pinter karo
cekatan, wani yakine obah apa bae hasile wujud, bisa de nikmati karo bisa
istiqomah ngucap karo mbatin syukur karo sing gawe Urip. Insya Alloh apa bae
arep de ganti sing lewih gede karo ora de nyana-nyana. Amin.
“Trus priwe kye resepsine?” wara
wiri takon maning si bejo.
“Ya de rameni ayuh.” Tek jawab
cindekan bae.
“Aja kelalen, degolet sensasine
aja anta mbok nganti ora due nyawa.” Kolik melu-melu ngomong.
“De betot sing kenceng mbok?” Krinos
nembalang mbari ndeluk kaya ana niat ana ora ari ngomong.
Lamuk kandel liwat alon-alon
ngalingi srengenge sing banget nggenjrete esuk kue, barate sriwing-sriwing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar